candi borobudur kerajaan di indonesia

Panganggenipun Tembung Rangkep Wonten ing Kempalan Cerkak Godhong Suruh Temu Rose Anggitanipun Sugito H. S. Kangge Nggambaraken Wosipun Cariyos

Lusia Sulvia Ningrum

Abstract


Ancasipun panaliten menika kangge ngandharaken jinis, makna ewahipun saha ginanipun tembung rangkep wonten ing kempalan cerkak Godhong Suruh Temu Rose Anggitanipun Sugito H.S. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Sumber data panaliten menika arupi kempalan cerkak kanthi irah-irahan Godhong Suruh Temu Rose. Data ing panaliten menika awujud satuan lingual ingkang kalebet panandha jinis, makna ewahipun saha ginanipun tembung rangkep. Data menika dipunkempalaken kanthi teknik maos saha nyerat. Piranti ingkang dipunginakaken inggih menika panaliti piyambak saha kertu data, lajeng data dipun-analisis kanthi teknik metode analisis isi inggih menika ngandharaken jinis, makna ewahipun saha ginanipun tembung rangkep adhedhasar konteks ukaranipun. Kangge manggihaken validitas data, dipunginakaken validitas kanthi triangulasi teori, lajeng kangge manggihaken reliabilitas data ngginakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten menika ngandharaken jinis tembung rangkep ingkang dipunpanggihaken wonten ing kempalan cerkak Godhong Suruh Temu Rose anggitanipun Sugito H.S. wonten gangsal, inggih menika : (a) dwilingga, (b) dwipurwa, (c)dwilingga salin swara, (d) dwilingga mawi wuwuhan saha (e) dwilingga semu.  Dene makna ewahipun awit saking proses reduplikasi wonten tiga, inggih menika: (a) makna jamak, (b) makna penekanan saha (c) makna ketidaktentuan. Ingkang pungkasan, ginanipun tembung rangkep, inggih menika kangge ngandharaken teges jamak, nyangetaken surasa, ngandharaken teges sanajan, ngandharaken teges tansah, nggadhahi teges gadhah saha ateges samubarang ingkang kaananipun kados ingkang kacetha ing lingganipun tembung.


Keywords


tembung rangkep, kempalan cerkak Godhong Suruh Temu Rose

Full Text:

PDF

References


Antunsuhono. 1956. Reringkesaning Paramasastra Djawa II. Yogyakarta: Hien Hoo Sing.

Herawati, Nanik. 2010. Reduplikasi Bervariasi Bunyi dalam Bahasa Jawa di Klaten. Klaten.

Mulyana. 2007. Morfologi Bahasa Jawa. Yogyakarta: Kanwa Publisher.

Ramlan, 1987. Morfologi Suatu Tinjauan Deskriptif. Yogyakarta: CV Karyono.

Sasangka, Wisnu. 2001. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua.

Setiyadi, Bambang. 2006. Metode Penelitian Untuk Pengajaran Bahasa Asing Pendekatan Kuantitatif dan Kualitatif. Yogyakarta: Graha Ilmu.

Sudaryanto. 1988. Metode Linguistik. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press.

Sugito, H. S. 2011. Godhong Suruh Temu Rose. Yogyakarta: Garudhawaca.




DOI: http://dx.doi.org/10.20961%2Fimscs.v1i1.13110

Refbacks

  • There are currently no refbacks.


Creative Commons License
Interdisciplinary and Multidisciplinary Studies: Conference Series is licensed under a Creative Commons Attribution-ShareAlike 4.0 International License.
Organized by Faculty of Teacher Training and Education, Universitas Sebelas Maret, Jl. Ir. Sutami 36A, Kentingan, Surakarta.

e-ISSN: 2987-5439 || p-ISSN: 2987-3649